Selasa, 23 Juni 2020

Contoh pembawa acara nikahan bahasa jawa

ACARA NIKAHAN
MAS ....... SAHA MBAK .......
Desa ....... Kecamatan ....... Kabupaten .......
Ahad, .......


Mukadimah dan Shalawat

Dumateng ingkang kawula hormati poro alim poro ulama wa bil khusus dumateng Al Ustadz ......., pengasuh pondok pesantren ....... 


Dumateng bapak kepala desa/ utawi ingkang mewakili saha perangkatipun ingkang tansah kita hormati lan kita taati.

Dumateng ingkang kawula hormati poro sesepuh pini sepuh ingkang pantes kinabekten.

Dumateng shahibul hajah Bapak ....... saha Bapak ....... ingkang kawula hormati, 

Dumateng calon pengantin kekalih, mas  ....... lan Mbak ....... ingkang berbahagia.

Mboten kesupe ugi dumateng sedaya tamu undangan kakung sumawono putri ingkang mboten saged kawula sebataken setunggal bopo setunggal, sedaya ingkang mugi-mugi tansah dipun mulyaaken deneng Allah subhanahuwataala.

Alhamdulillah mangga kita sareng-sareng sami ngunjuaken raos pujo lan puji syukur wonten ing ngarsa dalem Allah Subhanahu wataala ingkang sampun paring kathah kanikmatan, sahingga kito sedaya saged makempal wonten ing dalemipun shahibul bait bapak ....... saperlu nyakseaken acara ijab qabul lan walimah nikah mas ....... lan mbak ....... wonten ing dinten menika Ahad, ........

Shalawat saha salam mugi-mugi tansah kaparing wonten ing ngarso dalem junjungan kita nabi Agung Muhammad shallalallahualaihi wasalam, keluargi, sahabat lan sedaya tiyang ingkang derek dawuh-dawuhipun ngantos dumugi yaumul qiyamah samangke. Amin
Hadhirin wal hadhirot ingkang kulo hormati, gagayutan wekdal sampun sawetawis siang. Pramila monggo hadicoro wonten ing kesempatan punika tumunten kawiwitan. 

Ing mriki keparengo kawula ngaturaken renteting adicara wonten ing kesempatan menika:

Pembukaan
Ijab kabul ingkang dipun kaasta dening Penghulu KUA Kecamatan ....... 
Sambutan pemerintah desa ingkang dipun kaasta dening Bapak .......
Serah terima pengantin kakung ingkang dipun kaasta dening Bapak .......
Serah terima pengantin putri ingkang dipun kaasta dening Bapak .......
Tausiyah ingkang dipun kaasta dening Al Ustadz ....... saking Pondok Pesantren ....... 
Penutup

===0===

Monggo pepanggihan ing wekdal punika kito bikak kathi waosan basmalah...

Bismillahirrohmanirrohim

Mugi-mugi kanthi waosan bismillah kala wau saged dadosaken lancaring wonten ing kesempatan menika. 

===0===

Acara sak lajengipun inggih punika Ijab kabul ingkang dipun kaasta dening Penghulu KUA Kecamatan ........ Dumateng petugas saking KUA kecamatan ....... kawula sumanggaaken.

Alhamdulillah matur suwun kawula aturaken dumateng bapak petugas KUA saking kecamatan ....... ingkang sampun anikahaken kedua mempelai. 

Kito doaken mugi-mugi penganten kekalih saged dados keluarga ingkang sakinah mawadah warahmah. Teriring doa barakallahu laka wa Baraka alaika wa jamaa bainakuma fi khoirin.

===0===

Acara saklanjengipun inggih punika sambutan saking pemerintah desa ingkang bade dipun kaasta dening Bapak ........ Dumateng bapak ....... wekdal kawula aturaken sumangga.

Matursuwun dumateng Bapak ....... ingkang sampun kersa paring sambutan, dumateng bapak ....... kawula aturaken jazakumullah khoiron.

===0===

Acara sakcandakipun inggih menika serah terima pengantin kakung ingkang dipun kaasta dening Bapak ........ Dumateng Bapak ....... kawula sumanggaaken.

Matursuwun dumateng Bapak ....... ingkang sampun kersa paring serah terima pengantin kakung, dumateng Bapak ....... kawula aturaken jazakumullah khoiron.

===0===

Acara salajengipun inggih menika serah terima pengantin putri ingkang dipun kaasta dening Bapak ........ Dumateng Bapak ....... kawula aturaken sumangga. 

Matursuwun dumateng Bapak ....... ingkang sampun kersa paring serah terima pengantin putri, dumateng Bapak ....... kawula aturaken jazakumullah khoiron.

===0===

Acara saklajengipun inggih menika tausiyah ingkang dipun kaasta dening Al Ustadz ...... saking Pondok Pesantren ...... Dumateng Al Ustadz .......kawula aturaken sumonggo.

Matur suwun atas wejangan ingkang sampun dipun aturaken. Mugi-mugi punapa ingkang sampun dipun aturaken saged ningkataken iman lan takwa kita sedaya dumateng Allah Subhanahu Wataala. 

Dumateng Al Ustadz ....... kawula aturaken Jazakumullahu khoiron.

===0===

Acara saklajengipun inggih punika penutup. 

Ananging sakderengipun kawula tutup acara wonten ing wakdal sakmenika, kawula aturaken bilih saksampunipun acara menika, sumangga dumateng sedaya para tamu undangan kakung saha putri menikmati racikin hidangan ingkang sampun dipun siapaken dening shahibul hajah. 

Dumateng sederek pramugari kawula aturi sami siap-siap nyiapaken punopo ingkang sampun dados tugasipun.

Saking kawula cukup semanten kemawon, mbok bilih kathah klenta-klentu saha kirang subo sito, kawula nyuwun agunge pangapunten ingkang kathah. Kita tutup acara menika kanthi doa kafaratul majelis

Subhanakallahumma wa bihamdika asyhadu an lailahailla anta astaghfiruka wa atubu ilaik. 

Assalamualaikum warahmatullah wabarakatuh.    

Tidak ada komentar:

Posting Komentar